Rusmannulis
Minggu, 30 Desember 2018
ANAK MENGKHAYAL, APIK APA ELEK?
Karipta dening Drs. RUSMAN, M.Pd
Ana unen-unen "Cilik mungil kuwi endah" mengkono pangandikane ekonom Inggris E.F. Shumacher (1973), lan anak-anak utawa putune awake dhewe iki ora mung ayu, ananging malah kepara lucu lan nggemesake.
Kanggone kabeh wong tuwo pancen anak kuwi bocah cilik sing bagus utawa ayu sing dadi kembang ing sajroning taman ati, sing uga dadi gegambaran kita ing mbesuk masa depan kulawarga lan ...wah, pokoke jan nyenengake tenan.
Ya ngene iki wujud imajinasine kito kabeh bab anak-anak utawa bab putu yen saumure penulis. Tansah nengsemake banget, kabeh dadi kabecikan yen tansah kumpul, tur ngono kuwi ya mesthi ora salah.
Ngujo rasa senenging ati ing babagan momong putra wayah kuwi ora sawijing bab kang ala, awit imajinasi kuwi minangka satunggaling anugrah saka Gusti Allah SWT, ora musibah, mulane kudu dirasakke lan disyukuri.
Yen kita sing wis tuwa wae oleh berkhayal, banjur kepriye kanggone si kecil? Apa oleh ngembangake daya imajine? Jawabane mesthi oleh tur malah apik, ananging kudu tetep diawasi dening wong tuwo utawa gurune. Anak lan khayalan kuwi ibarat kaya sega karo lawuhe, kaya kopi karo gula, utawa kaya sayuran karo uyah.
Khayalan kuwi kepara dadi kebutuhaning urip kanggone para putra lan putri kita. Apa penjenengan kabeh eling nalika isih cilik karo kanca-kanca, nalika nggawa boneka, ana sing dadi ibu, dadi guru utawa dadi dokter.
Wis akeh kabukten, prayata akeh panaliten sing nyimpulake yen sithik utawa akehe dolanan peran (peran game) nalika isih cilik iku mau dadi panyengkuyung penting tumrap potensi sosial ing mbesok nalika dewasa.
Daya khayal kuwi nduweni akeh pigunan sing penting kanggo kabeh pawongan, ujare neurologis Dr. Muireann Irish. Antarane liyane:
1. Nglatih kaprigelan ngeling-eling masa lalu lan mbayangake babagan masa depan.
2. Nyedhiyakake waktu kanggo santai ing sebagian otak manungsa amarga ana rong sistem utama ing sajroning otak, bagean analitik pengambilan keputusan lan bagian sing ngembangake rasa sarta empati. Nalika kita pancen akeh kegiatan, ruang kanggo santai dadi minimal.
3. Nggawe kita luwih kreatif. Akeh wong gedhe njaluk gagasan apik tenan saka proses fantasi. Nalika kita mikir, pikiran kita bakal lelungan saka siji menyang sisih liyane sing bakal dadi luwih kreatif.
4. Nggawe kita luwih konsisten, mbukak ati, lan akeh pangerten. Khayalan kuwi bakal nggawe kita pinter ngatur laku diri kita marang wong liya. Sing bakal nambah kekuwatan empathy lan carane ngerti kita babagan kahanan.
5. Ngrumat rasa seneng sesambungan karo wong-wong ing sekitar kita. Pranyata pengetan masa kecil iku minangka "pendekatan-oriented" kang bisa nyedhake marang wong sing ditresnani, uga sing bisa nyedhiyakake "rasa seneng, tresna, lan srawung".
6. Minangka olahraga utawa latihan otak. Memori otak manungsa bisa nyediyani panggonan kanggo nyimpen informasi anyar lan ngundang maneh ing wektu tartamtu.
7. Akehing masa bermain kuwi ndadekke luwih sehat. Salah sawijining artikel ing Lifehack.org nerangake yen khayalan kuwi minangka wujud hipnosis mandiri sing prasaja. Kanthi asring berfantasi bisa nyuda tingkat stres, lan ngurangi risiko kena alzimer, yakuwi sawijining penyakit bisa ngrusak saraf mental kanti alon-alon.***
Katrangan:
Penulis Pengawas Sekolah ingKabupaten Tuban.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Nah, dari representasi diatas, anak mampu mereguk imajinasi di dapat dari diri sendiri maupun orang lain , namun tidak bisa mengekspresikan imajinasinya, khususnya secara tulisan. bahkan, bila kita mengamati hingga hari ini, mungkin sastra anak yang menerbitkan tulisan anak masih minim. Meskipun, sekarang banyak media cetak, seperti surat kabar yang memberi ruang imajinasi anak.
BalasHapus@sdnketambul
-zumarohπππ
Zumaroh ππ
BalasHapus