Rusmannulis
Minggu, 30 Desember 2018
PIGUNAN TUMPENG KANGGE AGESANG KITA
Karipta dening RUS RUSMAN.
Apa penjenengan kabeh wis pirsa? Pranyoto ing tahun 2013, Kementerian Pariwisata lan Ekonomi Kreatif Republik Indonesia wis nyathet kanti resmi yen sega tumpeng kuwi dadi salah sijining 30 lambang kuliner Indonesia.
Bab iki dirasa penting, pangajabe kangge nggedhekake semangat ekonomi ing tengah pengagesang masyarakat Indonesia uga kangge ngormati nilai tradisional lan filosofis beras.
Tumpeng diarani anduweni makna sing suci banget khususe ing kalangan wong Jawa. Sawetara wong negesake istilah "tumpeng" sing asale saka tembung "estu" tur "mempeng. " Estu tegese bener-bener kanggo nyenyuwun pangestu. Entuk pangestu utawa berkah saka Gusti Allah SWT lan uga para sesepuh.
Dene tembung mempeng artosipun nduweni semangat kangge agesang iki. Serius anggone nggenggayuh kekarepan. Nduwea cita-cita sing dhuwur ibarate kaya gunung sing angerucut / amemucuk pethit. Nanging tandange kudu rikat kuat lan ora gampang pedhot kekarepane.
Dadi wong urip iku sing paling penting yaiku tansah entuk ridho saka Gusti Sing Maha Kuwasa. Kanthi ijin Allah SWT lan berkah saka wong tuwa, percayaa bilih uripe bakal slamet ing donya lan akhirat.
Kajaba kuwi, tindak-tanduke uga bakal adoh saka bebaya, akeh rizki lan asring nampa kamulyan (bejo). Mengkono menggah maknane. Nuwun.
Tasikmadu, 311218
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar