Rusmannulis
Minggu, 30 Desember 2018
WAYANG, PRABU ARJUNASASRABAHU AMBENDUNG BENGAWAN
Kaserat dening: Rus Rusman.
Ing zaman sadurunge Ramayana ana raja agung sing mimpin krajan Maespati, asmane Prabu Arjunasasrabahu. Panjenengane kuwi raja sing ditresnani dening kabeh para kawula tur uga duwe kasekten sing banget ngedhap-edhapi. Malah penjenengane dijuluki sasrabahu (astane sewu), amarga penjenengane sekti banget, maklum raja iki dipercaya minangka manjiwa Betara Wisnu sing kagungan tanggung jawab mranata karukunan donya.
Arjunasasrahu uga raja sing remen banget nguja marang para garwane, utamané prameswari Dewi Citrawati. Malah dikabarake penjenengane kagungan garwa selir sing cacahe sewu (wow ...). Ing antarane sing paling kauja yaiku sang prameswari Dewi Citrawati. Kabeh panjaluke tansah dituruti dening sang prabu.
Ing sawijining wektu Dewi Citrawati kagungan pepinginan ngajak kabeh garwane sang prabu siram bebarengan ing bengawan utawa tlaga. Pancen iki minangka pepinginan sing aneh, apa meneh saiki kali Narmada sing ngliwati negara Maespati rada garing. Nanging amarga tresnane, Prabu Arjunasasrabahu tetep mbudidaya nuruti. Kanthi ngajak Patih Suwanda lan para prajurit, Prabu Arjunasasrabahu anggandheng Dewi Citrawati lan para garwa liyane tindak menyang Kali Narmada.
"Dinda Patih, aku bakal amemba dadi rakseksa lan turu malang ambendung iline bengawan. Kanti mengkono bisa gawe tlaga kanggo siram lan kasenengane dinda Dewi Citrawati lan para selir."
“Sajroning aku turu amemba raseksa, kasugengan dinda Citrawati lan para garwa liyane aku pasrahke sawutuhe marang dinda patih,” pangadikane Sang Prabu. Patih Suwanda sing isih sedulur misan ngestokake.
Raja agung kuwi langsung tiwikrama, ngubah wujude dadi raseksa sing gedhe banget, sare mujurake awak antarane pinggir kiwa lan tengen Bengawan Narmada. Kanti mangkono ing wektu sing ora suwe, lembah bengawan maleh dadi tlaga gawean sing amba banget. Mula ratu Dewi Citrawati kanti seneng ing ati banjur ambyur nglangi ing banyu, banjur didherekake kabeh para selir sang prabu. ***
(ana sambunge)
Tasikmadu, 161218
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar