-

Rusmannulis

Senin, 07 Januari 2019

TRADISI KHITANAN ING LINGKUNGAN KERATON


Tradisi Khitanan Ing Keraton Ngayogjakarta

Dening: RUS RUSMAN

Tetak utawa sunat kanggo wong ing Islam lan sawetara agama liyane iku minangka bab kang wajib ditindakake.

Dadi iki minangka kewajiban menggahing agama, nanging ing pengetrapane pranyata nduweni cara sing beda antarane siji wilayah lan liyane.

Lha cara-cara sing beda mau banjur ndadekake keunikan dhewe-dhewe kang mesthi banget nyenengke kanggo dipirsani.

Malah ing sawetara panggonan ana tahapan-tahapan khusus sing nglahirake kaya dene tradisi.

Ing kene aku arep njlentrehake sethitik babagan prosesi sunat ing keluarga Keraton Ngayogyakarta, kang dak woco saka sumber-sumber wewacan kang dak klumpukake.

Ing lingkungan keraton sunat asring diarani "supitan" lan ditrapake kanggo para priya sing bakal ngancik dewasa, kalebu para pangeran, wayah dalem uga para putra kerabat kraton liyane.

Dene tujuane kanggo ngilangake sesuker utawa ndadekake reresik ing pirantining lelanang.

Ana tetahapan sajroning upacara Supitan ing Keraton utamané kanggone para putra kraton antara liya yakuwi:

1. Tabuh Gamelan

Ing wayah sore sadurunge ditindaiake supitan, gamelan pelog lan slendro katabuh ing Gedong Gangsa lor lan kidul lan dipungkasi ing tabuh nenem sore.

Para penabuhe Abdi Dalem Punakawan Kridamardawa. Ewondene gamelan Kanjeng Kiai Kebo Ganggang ditata di Bangsal Mandalasana.

2. Tratag lan krobongan

Bebarengan karo unine gamelan saka bangunan gangsa mau ing sacedhake Bangsal Kencana abdi-abdi liyané ngedegake Tratag lan nyiapake Krobongan utawa pekobongan.

Tratag yakuwi wewangunan sing mung sauntara sing ing masyarakat umum biasane disiapake kanggo anyenyambut rawuhe para tamu deneng kulawarga sing kagungan hajat.

Tratag digawe rodo ombo banjur ing sanjerone biasane dipasang meja lan kursi. Nanging uga bisa digelar klasa utawa babut kanggo panggonan lungguh-lungguhan utawa jagongan.

Dene Krobongan arupa wewangunan cilik sing uga ora premanen. Ing wewangunan iki ing sakiwa tengene diwenehi dekorasi arup tetuwuhan (tanduran) sing utamané dumadi saka uwit gedhang lengkap karo godhonge lan uwoh setundun.  Dilengkapi uga karo wit liyane, kalebu kembar mayang. Wit gedgang mau minangka lambang kasuburan.

3. Sesajen

Ana uga klompok sing nyiapake sesaji yakuwi dening Abdi Dalem Wedana Keparak.

Sesaji supitan ini arupa tumpeng rombyong, tumpeng gundul, pisang ayu, pisang pundutan peken, siji pitik urip sajroning keranjang, dan sepasang kembar mayang.

4. Siraman lan dhahar wengi

Ing wayah sore watara tabuh telu, para Bendara Putri lan kulawarga cedhak Sultan lumebet kedhaton ing saperlu bakal ngasta dekorasi ana sajroning kamar putra sing arep tetak.

Sawise rampung saka pakaryan ing sajroning kamar, para putra sing arep tetak banjur tindak menyang Bangsal Kasatriyan diiringi deneng para Bendara Putri lan para abdi dalem sing kajibah mbiyantu.

Ing Bangsal Kasatriyan iki para putra sing arep disunat banjur nglampahi siraman, digebyur ngagem banyu setaman. Sawise siraman, para bendara putri dan istri para kerabat keraton kaaturan tindak menyang Bangsal Pengapit.

Watawis tabuh pitu bengi utawa sawise shalat Isya' para Pangeran lan para punggawa kakung liyane banjur kaaturan ing Gadri Kasatriyan ing saperlu dhahar bengi. Kanti mengkana adicara ing dina iki wus kaleksanan kabeh.

5. Nengga Kerawuhan

Dina sabanjuré ing wayah esuk, watara tabuh wolu gamelan wiwit tinabuh dening Abdi Dalem Kridamardawa.

Nalika kuwi uga para putra kraton sing arep katetak wis padha ngagem busana.

Ing tabuh sanga luweh para Bendara putri, para garwa Bupati saha para Bendara liyane uga wus katon siap ing gawe.

Nalika para pangeran lan putra Bendara liyane katon mapan ing sacedhake Bangsal Kencana.

Ewondene para abdi Pengulu, para abdi Bupati lan sing liyane sawise sowan ing ngarsa Dalem Keraton banjur tindak ing Bangsal Kotak ing saperlu nengga para Pangeran lumebet ing Bangsal Kencana.

Sawise para Pangeran katon liwat mula para bupati banjur pinarak ing Tratag Bangsal Kencana.

6. Kerawuhan Ndalem

Ing watara tabuh sepuluh esuk, katon Sri Sultan kepareng tindak ing Bangsal Kencana kanti ngagem ageman 'baju takwa'.

Mila para Putra Dalem sing arep kasunat sigra tinimbalan saka Bangsal Kasatriyan.

Sawise lumebet Bangsal Kencana, para putra sing arep katetak banjur suwan ngabyantara 'caos Bekti' marang Sri Sultan.

Ing sabanjure Sri Sultan ngutus dumateng satungaling Bendara Pangeran kanggo neliti kesiapane jejibahan dan ubarampe Supitan

Sawise diaturake yen wis siap, Sultan banjur paring dhawuh
supaya para Putra Dalem ingkang badhe kasunat enggal lenggah ing Pengkrobongan piyambak-piyambak.

Sawise putra Dalem ingkang siap kasunat wus lenggah ing saben panggenan mila enggal katimbalan Abdi Dalem Pengulu saperlu paring donga keslametan.

Sawise iku sigra kawiwitan tinabuh Gamelan Kanjeng Kiai Kebo Ganggang, lan Pangeran Sepuh kautus kersaa amangku para Putra Dalem ingkang siap dipun tetak.

Sawise kabeh wis kelampahan katetak kanti lancar mila sedaya ingkang sampun katetak enggal kalungguhake ing kursi ing salebete Bangsal Kencana.

Ya ing wektu kuwi Sri Sultan enggal paring dhawuh secukupe lan para Putra Dalem sing wus katetak wangsul kondur ing Bangsal Kasatriyan.

Sawise Sri Sultan kepareng jengkar saka palenggahan, upacara khitanan wus kena diarani pungkas kanti lancar.

Para kadang sedaya, sabenere akeh upacara ing lingkungan kraton sing ngidini para abdi melu minangka pendherek ing salebete adicara. Kalebu sunatan utawa supitan iki.

Para abdi dalem lan kulawarga sing melu disunat ing upacara supitan kuwi diarani Bela.

Yen penjenengan para maos mirsani gambar ing dhuwur, yakuwi wangunan sing diarani Pekobongan utawa krobongan.

Ana wangunan cilik kuwi para putra keraton utawa wayah kraton dipuntetak. Bentenipun namung ing babagan ukiran wae.

Dene Bela sing saka para Abdi Dalem tetakane cukup bareng-barenh ing kamar, dadi ora tetak ing krobongan.

Kanggone masyarakat Jawa, supitan kuwi minangka upacara sing penting banget, khususe kanggo saben bocah lanang sing arep ngancik diwasa. Supitan artosaken minangka upacara dumadining bocah lanang saka alam kang durung diwasa menyang alam diwasa. Ing kahanan ini umume ditindakake nalika bocah antarane yuswa 10 nganti 16 taun.

Kajaba iku, upacara supitan iki uga asring kasebut ngislamke, kang ateges ngesahake utawa menehi tandha yen para putra mau wajib nindakake pakaryan ngibadah salaras karo sing dikersakake Gusti Allah SWT. Mekaten menggah jlentrehipun, ing wasana nyumanggaaken. Nuwun. ***

Katrangan:
Pangripta iki pengamat budaya, netep ing Tasikmadu Tuban.

2 komentar:

  1. Tulisan pak rusman uapik. Lanjutkan.... Dan terus menulis. Pk rusman. Moga sukses

    Sowan. Sdn Lerankulon 1

    BalasHapus
  2. Artikel pk Rusman sungguh bermanfaat. Sukses selalu.... Pk rusman

    BalasHapus