Rusmannulis
Senin, 31 Desember 2018
WIGATINE "JAGONGAN" KANGGE BEBRAYAN KITA
Karipta dening: Rus Rusman.
"Kumpul, kumpul, kumpuul!" Ngono kuwi yen wong Jawa nembe ngetokke rasa pepinginane ketemu bareng ing antarane tetanggan ana salah sawijining lingkungan.
Woro-woro kanggo klumpukan kaya ngono kuwi kerep ditemokake ora mung nganggo suarane wong nanging uga ing macem-macem srana, umpamane nganggo alat tradisional sing arupa "kenthongan" kanti kode-kode tertamtu.
Khusus ing wektu iki, diskusi diutamakake ngrebug bab pakaryan sing bakal dilakoni sawise ana panyuwun kumpul-kumpul mau. Ora liya yaiku arupa forum utawa majelis kang ora duwe topik sing dianggep penting.
Isining rembugan amung santai, bebas lan diomongke kanthi cara priye wae. Sing seneng ngobrol ya ngobrolo, seneng ngguyu ngakak ya ngguyua, anggere ora nyimpang saka norma lan nilai sing ditrapake warga, aturan formal apadene kemasyarakatan.
Uga, isine omong aja nganti nuwuhake nggeged atine liyan. Malah kepara pahargyan kumpul bareng kuwi bisa ngembangake rasa harmoni lan kesatuan antarane anggota masyarakat.
Miturut ahli Etnografi dan komunikasi Amalia Maulana (2018), pancen masyarakat Indonesia khususe wong Jawa wiwit zaman dhisik wis nduweni sense of community (rasa seneng kumpul).
Awake dhewe wis biasa nerapake group culture. Ketemu senadyan tanpa ana kawigaten khusus. Beda karo yen ing negeri barat, wong kana ketemu yen ana kepentingan. Masyarakat ing kana mung ngakoni anane keluarga inti wae.
Khususe kanggo masyarakat Jawa, sing diarani kumpul-kumpul kuwi duweni sawetara jinis miturut kepentingane.
Antara liya:
1. Dijenengi JAGONGAN yen acara kasebut ana ing papan panggonane wong sing kagungan hajatan.
2. Dijenengi CANGKRUKAN yen kumpule ana pos penjagaan utawa ing papan umum (umpamane ing pinggir dalan).
3. Dijenengi JANDOMAN yen anggone kumpul ana ing papan sing ora direncanakake. Umpamane ketemu ing dalan banjur terus sarujuk omong ngalor-ngidul. Lan isih akeh maneh istilah sing beda ing saben wilayah.
Ing kesempatan iki, penulis luwih fokus ngrembuk acara jagongan amarga forum iki luwih akeh ngandhut nilai-nilai budaya.
Tembung jagongan ing Kamuslengkap.com dimaknai minangka lungguh-lungguh ing papan panggonane wong kang duwe hajatan.
Inti ingkang kapisan ana ing acara jagongan kuwi kanggo mahargya marang wong sing duwe gawe utawa hajatan. Antarane saka kulawarga sabrayat, tetanggan, kanca lan kenalan lawas. Nderek seneng dene dileksanakake pahargyan hajatan iki sambi ndedonga bareng supaya hajatane bisa lumaku kanthi lancar lan slamet.
Inti ingkang kapindho yaiku kumpul karo sesami, ngobrol entheng-enthengan lan santai tanpa topik sing abot sinambi nikmati hidangan khas wong sing duwe gawe. Dene hajatane bisa arupa syukuran bayi, sunatan, pernikahan, lan liya-liyane.
Inti ingkang kaping telu yakuwi njaga kerukunan lan kebersamaan ing lingkungan tetanggan. Bab iki nedhahake manawa kabeh padha setya satuhu nindakake kanggé njagi nilai-nilai kekeluargaan.
Wong sing duwe hajat mesthi seneng banget yen kabeh tanggane kersa rawuh lan ing wektu liya dheweke uga bakal ngrawuhi yen tanggane mbesuk kagungan hajat sing padha kaya ngene ini.
Biasane wektu pahargyan jagongan ana ing jam 9:00 bengi utawa ing sadhuwure, bisa uga paling cepet sak bakdane sholat Isyak wis ana sing miwiti rawuh. Sore sadurunge biasane kanti acara kendurinan sinambi ndedonga bebarengan supaya prayaan kasebut lancar lan diberkahi dening Allah SWT.
Pancen sok kala-kala ana priyantun sing kanti ijin tuan rumah, ngisi wektu kanti cara dolanan kartu lan nyanyi-nyanyi sasenenge. Iku kabeh mung kanggo ngisi wektu lan mung kanggo ndadekake acara supaya tambah regeng lan sumringah.
Mekaten ing wasono nyumanggaaken. Nuwun.***
Penulis pemerhati masalah kebudayaan tinggal di Tasikmadu Tuban.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar